Minggu, 09 Januari 2011

Ngene iki sing diarani Manungso,

Okeh sing digayuh,koyo-koyo ndonyo iki iso dipecaki,
Podo ora ngerti,yen manungso iku sejatine ringkih,ora duwe doyo,
Sing kudu kito weruhi,sing jenenge manungso iku dititahake podo
Dek wiwit biyen ngati saiki,ojo ngunggung marang sapodo-podone titah
Yen kito iki diparingi weruh krungu lan kroso samumbarang iku wis kinodrat
Lan tansah melu mbarengi karo mlakune kahanan.

Dadi siro ora usah kuwatir,piye lan piye.
Kabeh iku, elek apike kahanan ndonyo,
Gusti Ingkang Moho Kuwoso sing ngersakake.

Ayo ngetutne ae koyo miline banyu,
Duweni gegahuyuan iku ora kudu dijaluk,disuwun ning
Isoo dimangerteni ubah musike kahanan iki lan iso ngetukne kanthi bener.

Sing kudu siro weruhi ndonyo iki ora langgeng
Dadi yen rumongso urung kaleksanan anggone
Nggayuh kamulyanning ndonyo,ojo cilik ati.

Mulo soko iku onone beban nang alam ndoyo iki,
ayo podo dipasrahne marang Gusti Kang Murbeng Dumadi.
Gusti Alloh wis weruh sekabehe.

“Duh Gusti Ingkang Moho Agung,
Matur sembah nuwun sanget
Sekathahe kanugrahan,kamulyan,
Ingkang sampun panjenengan paring aken dumaten kulo,
Soho kulo tansah nyuwun gungnge pangapunten ingkang Agung
Sakathahe doso lan kalepatan kulo.Matur nuwun”

Tidak ada komentar:

Posting Komentar